Aku wis Lulus Saiki Aku Kudu Kepiye?


Blog sik iki ta tulis nganggo basa Jawa. Tapi ngoko rapapa ta?, isih sopan og, mik kurang alus wae hehe. Wingi tanggal 11 Juli aku pendadaran dab. di takoni macem-macem karo dosen ku... seminggu sakdurunge ki aku wis jyan mumet tenin, deg-degan ora karuan lah pokoke. Wedi nek ra lulus. Tapi pas tanggal 11 mbasan aku mlebu ruang sidang aku kan di kon lungguh dhisik, dosen pengujiku sik jenenge mb Erlin, menehi kata sambutan yo kaya pembukaan ngono lah... njut aku di kon presentasi...
karang yo aku seneng ngomong dadi pas presentasi sih ra patia angel. Bar presentasi kuwi aku cekat cekot meneh... =,=' , sik takon pertama mb Wati dosen pembimbing... alhamdulillah aku ra patia oon 2 banget lah dadi isa njawab. Trus sik ke loro mb Erlin, untunge mb Erlin ra akeh takon, luwih akeh menehi saran2 biasa lah masalah grammar (ngerti grammar ra dab?) aku ra reti! :palu. lha sik marai aku ketok dodol sak dodol dodol e kuwi pas mb Wati takon, (asline nggo b.Jawa, ki ta inggriske ben ketok apik) " Eh Dhit kok kwe isa-isa ne nulis nek UPN kuwi Universitas Pembangunan Negara?", wooo aku syok tenan kuwi lha sak ngerti ku cen Negara e, yo aku takon to "lah emange apa mb?", "Nasional dhit", ya Allah aku ra percaya sak jane mosok Nasional sih?? tapi yo wis lah mbasan di cek ncen nasional og hehe. Wis bar kuwi aku di kon metu, mbak2 e arep do rembugan aku di luluske po ora. Nek filing ku sih wis mesti lulus (UGM wis jeleh duwe murid kaya aku wkwkwk) aku mlebu meneh , saiki nggawa jajan nggo mb Wati ro mb Erlin... aku nggawa roti gaweane ibu ku.. liyane do nggawa pa*sley yo ben...mesti dosen wis do jeleh karo roti modern hehe, makane ta kirimi suasana liya. wis ta njut aku kon lungguh meneh, di kon tandatangan, terus di umumke nek aku LULUS 
(Alhamdulillah, Allahuma aamiin, jamaah ohh jamaah)...wis aku bungah banget kuwi wis lulus dab, UGM dab (njut ngapa nek UGM haha). Ning jaba aku poto2 lah ...biasa ngeksis. 

Lha tekan omah njut mikir aku, sik2 nek wis lulus berarti aku kon golek gawean ta?? ra bakal di sangoni meneh aku... piye no?? isin aku nek njaluk wong tua maneh wis lulus jhe. apa kuliah meneh wae ben etuk sagu wakaka...whaaa wis ah ben ke wae selama rung etuk gawean pengangguran kaya aku akan di pelihara oleh orang tua...wkwkwkwk..

Comments

  1. buakakakak...kwe piye fid kon golek gawean ra?? btw pekok.com i nggonmu??? mbok di urus wi... sumber duit jhe dab! :D

    ReplyDelete

Post a Comment